Karya: Slamet Oetomo
Satemene wis duwe wayah
Dudu sepuhan dudu polesan
Ring jerone ati
Emas hang abot gawanane
Tanah iki, tanah hang ditanduri geni
Merambat pertamanan asri
Wijine tangis lan sesambat rebuke
Uwohe, umbul-umbul Belambangan
Timbang nyerah bangura mati
Teka Banyu Alit, Lateng
Merembet ring sikile dunung Raung
Lan ring Bayu
Sing bisa dibedakaken
Antarane tangis
Ambi melung-melung
Nggape nyawa hang muluk mendhuwur
Rika kabeh
Susut merga sing gelem, tanah iki dirante
Emong, emong
Iku ucapanrika
Lan merga iku
Wong Agung Wilis lahir terus
Tidak ada komentar:
Posting Komentar